Pages

Senin, 21 April 2014

Bapak (2)

Jam 23.00. Aku metu soko kamar bapak. Sakwise salaman karo ibu lan Mas Ayik. Aku pamit, uluk salam.
"Assalamualaikum, Bu, Mas...."
"Waalaikum salam. Ati-ati". Sahutane ibu karo Mas Ayik. 

Koridor rumah sakit sepi. Mung ono siji loro perawat sing lagi nyiapne obat-obatan karo resik-resik troli. Aku mlaku alon-alon, ditutke Cak Jum, driver sing ngeterke aku. Soyo adoh soko kamare bapak, atiku soyo kroso cuwo.

Bapak bengi iki kahanane soyo mundur. Ambegane sesek, abot. Awake panas. Ketoke kelaran banget. Socone metu luhe. Bapak muwun.

Aku koyo gak kuat ndelok kahanane bapak. Atiku kroso keiris-iris. Aku nggegem astane, karo gak mandeg nyebut asmane Allah. "Ya Allah, mugi Panjenengan paringi enggal enteng sakitipun bapak, Gusti...".

Bapak kesadarane ugo kethok lek mudhun banget. Socone ora ono cahyane babar pisan. Alum. Dodone munggah-mudhun ngunjal ambegan  abot. Sok-sok bapak nduding padarane, mustokone, dodone. 
"Sakit, Kung?" Mas Ayik ngelus-elus padarane bapak. Bapak manthuk-manthuk.

Ibu gupuh ngompres bapak. Aku mijeti astane ben nyudo kemeng mergo diinfus, mijeti ampeyane ben ilang keju-keju mergo kurang obah, nepuk-nepuk dodone ben rodho lego ambegane. 

Dokter ngendikan, bapak kejobo stroke, ugo keno pnemonia. Pnemonia iku penyebabe bakteri, soyo nemen lorone mergo kepapar stroke, ugo mergo faktor umur, ngono ngendikane dokter. 

Wektu ibu konsultasi nang dokter mau awan, dokter ugo ngendikan, lek obate bapak wis dipilihke sing paling apik, ben bapak cepet pulih kesehatane. Yo pancen larang-larang, ning ora popo, tinimbang ora ndang waras, ngono advise dokter. 

Aku karo Cak Jum teko latar parkiran. Sepi. Aku mlebu mobil. Ngunjal ambegan gedhe. Kelingan bapak. Ugo kelingan Mas Ayik. Wektu bapak iso tenang sedelo mau, Mas Ayik mojok, meneng wae, koyo wong bingung. Tak cedhaki, nangis. Pasuryane abang ireng ngempet sedihe ati. "Mesakne bapak..." Socone mbrabak, luhe nyumber. Aku ndekep mustokone, karo ngelus-elus rekmane. 
"Mas ojo sedih, ojo nangis. Mas kudu kuat. Mesakke bapak ibu..." Asline aku dewe ngempet tangis, ning tak kuat-kuatne.

Dalan-dalan wis sepi. Cak Jum lungguh ngarep, nyupir. Aku ndepipis nang jok tengah. Mripatku nanar ndelok lampu-lampu kutho. Tisu nang sisihku tak ranggeh, bola-bali tak gawe ngelap luhku. Mbuh piye rasane atiku....ning aku percoyo, Gusti Allah bakal milihke sing paling apik gawe bapak...

Amin Ya Rabbal Alamiiin....

Suroboyo, 21 April 2014

Wassalam,
LN

0 komentar

Posting Komentar

Silakan tulis tanggapan Anda di sini, dan terima kasih atas atensi Anda...