Pages

Senin, 21 April 2014

Bapak

Bapakku morosepuh gerah, wis sepuluh dino ngamar nang RSUD Sidoarjo. Bapakku gerah stroke serangan kapindho. Stroke kawitan, rong tahun kepungkur, pas tengahe ulan poso. Waktu iku bapak klakon ngamar sangang dino. 

Stroke kawitan nyebabne ampeyan karo asto tengene bapak lumpuh. Sakwise diobatne, diterapi, dipijetne, bapak wis saget tindhakan maneh, masia ora iso normal koyo adate. Dahare yo wis apik, entek akeh. Wis iso tindhak-tindhak menyang Tuban lan Ponorogo.

Limolas dino kepungkur, ujug-ujug bapak ora iso ngendikan. Ilate rupane putih koyo gomen. Lek dahar lan ngunjuk, keselek-selek. Bapak langsung dipriksakne nang dokter. Jare dokter, bapak terlalu sensitif, didiagnosis radang amargo keno virus singapur. Ora perlu ngamar. 

Jane aku wis ora sronto ndelok kahanane Bapak. Karepku wis ben ngamar wae, ben diramut sing temenan karo dokter lan perawat. Lha wong bapak gak kerso dahar, lak yo susah. Angger dahar sitik-sitik, iku wae nganggo keselek-selek. Tapi yo opo maneh, wong jare dokter ora perlu ngamar.

Limang dino sakwise iku, pas aku dines ning Yogya, aku dtelepon bojoku, lek bapak masuk rumah sakit, ngamar. Aku dikongkon bojoku ndang mulih cepet. Sak kal aku pesen tiket kapal muluk, sokor oleh. Bengi iku aku langsung mabur soko Yogya nang Suroboyo, numpak kapal muluk jam wolu.

Bapak ngamar nang RSUD Sidoarjo Pavilyun Anggrek nomer selikur. Astone diinfus. Pipise dikateter. Onok tabung oksigen sing siap sak wayah-wayah. Kahanane bapak jan nrenyuhake tenan. Aku cuma iso nangis ning sebelahe bapak karo nyekeli astone sing kebek perban infus. Lambeku komat-kamit moco donga. Aku mbayangne bapak waktu isih waras, seger, kerso dahar, senengane crito. Mbandingne karo kahanane saiki sing lemah gak nduwe doyo, atiku ngeres.

Bengi iki aku ning RSUD Sidoarjo, koyo bengi-bengi sakdurunge. Lek aku ora ono tugas luar kutho, aku nunggu bapak. Mulih kerjo, aku biasane langsung budhal nang RS. Kadang-kadang mampir omah sedelo, nyiap-nyiapne omah. Bojoku soko kantor yo langsung nang RS. Dadi ketemu nang RS. Aku ora nginep, mergo isuk kudhu ngurus omah lan kerjo. Bojoku nginep ning RS, budhal kantor soko RS.

Sing tak karepne saiki, bapakku ndang diparingi waras. Mugo-mugo Gusti Pangeran mirengke panyuwunku. Amin.


Sugeng Kartinian....

RSUD Sidoarjo, 21 April 2014

Wassalam,
LN
(Boso Suroboyoan campur Tuban lan Ponorogo)

1 komentar

Wadah Barucau Mucil 21 April 2014 pukul 10.08

Semoga Bapak cepat sembuh...Amin YRA

Posting Komentar

Silakan tulis tanggapan Anda di sini, dan terima kasih atas atensi Anda...